Wedaran

Hanalisik swaraning gendhing. Larasing bawa rasa. Kang kasebat dzikir ing baten. Oneng sawenehing ndriya. Nuju sujud ngarsa Allah. Dawah pepadang sayekti. Cahyo pepadanging Hyang Manon. * Sawenehing sato ari. Anggoro kasih arinya. Catur sasi kadwi ing mangke. Tri pandhita suwunging netra. Tengarane sinengkalan. Hamiwiti nrus ing laku. Hangreksa hamemuji. Manekung ing Hyang Suksmono. .


Dadiya janma sayekti. karya becik tetuladan. Ngudi lahir lan batine. Suci haning suksmanira. Gya jaganen tetepa bisa. Bali suci ing ngarsa Widi. Jiwo raga rasa neku. Tetep suci ing Hywang Manon. ° Ngudi rasa jroning diri. Hamrih lantep ing sasmita. Nglaras rasa sejatine. Ginulang ing urep nyata. Sunyataning sipat papat. Den karya bisane sujud. Sujud SUMARAH mring Gusti. Allah kang Maha Ayom...... Allah hu akbar.... La illa ha' illallah,..... Allah hu akbar...


Prayoganira kang para prajurit. Pada jujur tumindaknya. Lilo legowo ing tyase. Mbebudiya amrih utama. Dudu mung prajurit ngagem sanjata. Pramuda mudi sadarum. Kang darbe jiwa suci. Mbengkas keruwetan kahanan prajo. @ Mbangun hayuning budi. Mahanani tata rahayuning praja. Lumantar karya pitayane. Njejekake dasar PANCASILA. BINEKA TUNGGAL IKA. Gula klapa sang Merah putih iku. Dadi dasar tumuju kamulyaning bangso....

 ¶¶ SURYO SEJATI ¶¶
Suraosing rasa sayekti. Udanana rahseng urip ira. Runtut nyawiji batine. Yuwananing swarga loka. Obah musiking rasanira. Sineksen Shadatulillah. Eling eling warahipun. Jumatana kanti tata. Awas eling waspada. Talining datullahu. Isine iman marang Allah..


Wedharing sasmita aji. Nalika ing pasamuan. Nuju jinem duk kalane. Manembah ing ngarsa Allah. Manut kapitayan ing wang. Maminta sihing Hyang Manu. Gusti pangreksaning ayom. 
* Rasa pangreksaning jati. Duh Gusti yun apuranta. Gung lepat kawula dase. Giris rasa tyasing wang. Mirsani kahanan jagat. Luweh agung bebendu neku. Tumimbal ing Nuswantoro. 
* Kamurkaning alam nenggih. Tanda ulahing sujanma. Lali tata susilane. Apuranta duh Hyang Wikan. Sagong lepat para janma. Kang tansah tumindak deng dur. Bisane eling don ayom.


# Sabta catur nrusing bumi. Geguritan rinakit tembang. Nuju lodhang penggalihe. Nuju kasmaran mring kadhang. Para kanco mitra rowang. Sesanti salam RAHAYU. Aywo mitra sami ngayom. 
¢ Ngayom ngarsaning Hyang Widhi. Ajo lali sujud ira. Sinambi nglaras tembange. Eling dawu lan wewarah. Pepeleng pitudu ing wang. Sinerat kalam jati iku. Eling ing patang prakoro. 
¢ Sabta pitu tegesneki. Catur papat teges ira. Nrus sanga gya tegese. Bumi siji sinengkalan. Candra sangkala winastan. Pitu patraping sujud. Papat patraping pangelmon. 
¢ Bumi tegese siji. Mangkono patrape iman. Yen ginunggung pangelmone. Kang pitu teges apa. Ewah dene kang papat. Sanga sesanggeman neku. Siji teges iman suhul. Lakono den bisa ayom.#


Wedaring sasmita galih. Ginulat ing sabda tama. Den nut para janma wases. Tinular mring janma tama. Utamaning laku nyata. Lelabuhan tri prajawis. Piranti janma kinaot..... 
* Winawas sajroning diri. Sumarah ing ngarasa Allah. Hamung manut sak kersane. Jenjemeng iman sanyata. Hayem anteng urip ira. Dinulu rahsaning kalbu. Tanda pasrah mring Hyang Manon.... 
* Kanti sabar saha titi. Mring sekabehing panandhang. Keduga laku kadwine. Bungah susahing panandhang. Weweliteng ngalam padha. Ewah apo anuju laku. Niatingkang nuju ayom..... 
* Katri wahnya eklas nenggih. Samubarang kang sanyatan. Kadadeyan ala becike. Sapa bisa lakonana. Piwulang kang tri prakara. Sinung rahmat ing Hyang Agung. Dadya janmo kang kinaot...... ###


 @ Lampah sujud @
* Lukitaning pawedar sastraji. Anggong eling kalawan den awas. Muji dzikir ing batine. Pepindan syahdatullah. Amiwiti manira patrap. Hanyawiji ing rasa. Sujud mring Hyang Agung. Jaganen rahsani reki. Udhanana semanging kalbu. Darapon kanti prasajo. 
* Hanggung eling ing ngarsa Hyang Widhi. Kanti rasa sajraning jaja. Ngumandhangken Asmane. Allah Kang Maha Esa. Kanti miji sajroning rasa. Abangkit lukitaning kalbu. Den titi den emut. Sidakep suku atunggil. Jumatana rasani reng kalbu. Panuntuning rasa...
 # Suraosing rerasaning anggit. Jroning alam sujud ngarsa Allah. Nyipta weneng ing batine. Sanggem titi ngemat rasa. Hanyawiji sajroning iman. Den awas kanthi eling renggetaning rasa. Ayanana rasaneku. Dimen tata uripmaniro. 
# Kang winastan wahyu awas eling. Sanggem tansah enget maring Allah. Ngemat rasa sak rasane. Sarwo eling jroning rahsa. Aywa kari syahadatnya. Ewah dene baito Di. Raganira iku. Manut anggering nakodo rahso.

 @ Asmaradana @
* Winawas sarta den eling. Lukitaning alam donya. Rahapana ing ciptane. Kanti weninge sang ndriya. Sumanggem sujud mring Allah. Kanti tata larasing kalbu. Nggong sinedya srahing suksmo. 
* Udan guntur lindu ketir. Gumuruhing sipat alam. Sinengker sang Hyang Bayune. Kadhita dawuhing alam. Narung binu kehing janma. Para wasis keh padha mungkur. Keh sarjana kereng ing nalo. 
* Duh duh sang Ibu pratiwi. Lepat punapa kawula. Nandhang siku denda kiye. Yun agungeng pangapura. Sagung lepat mami mring alam. Duh Gusti Hyang Maha Agung. Apuranta janma sagong


*Asmaradana*
  Panata Rasa

* Sanggemana kanthi tata,hurip ira kanti tata,jenjem jiwa lan rasane,
   atul nglaras jroning,sujud sumarah mring Allah,kanthi tata sujud ipun,
   dimen atol bisa ayom,
* Aywa kendhat ing pambudi,hangulat sarira nira,kanthi muji ing Gustine,
   kala-kalan samudana,nglengen cipta miji rasa,gya den lanthi sajroning kalbu,
   dihen urip bisa ayom,
* Hurip ayem tentrem yekti,pakuncen SYAHADATULLAH,
   den tancep jroning batine,sapa bisa nglakonana pitutuh dawuh wewara,
   sayekti urip ipun,urip sejatine mulya,

# selalu sanggup dalam cermat serta teliti,kehidupanmu dengan tertata,
   duduk dalam jiwa & rasanya,selaras perjalanan dalam kalbu,
   manembah sebenarnya pada TUHAN YME,dengan tertib & tertata
   cara manembahnya,supaya tetap terjaga,
# janganlah putus asa dalam diri,mempelajari lahir & batinnya,
   dengan memuji nama TUHAN YME,
   dalam setiap saat/sesempat mungkin,berusaha selalu menciptakan
   keheningan rasa diri,rajinlah berlatih dalam kalbu,
   agar selalu bertemu dalam kehidupanmu,
# hidup/kehidupan tenang & tentram yang sejati,
    kata kunci SYAHADATULILLAH,tanamkan dalam batinmu,
    siapa yang bisa menjalani petunjuk,arahan,saran & tuntunan,
    pastilah hidupnya,menemukan kemulyaan dari kehidupan,
    kemulyaan lahir & batin,(Hurip mulya kang sejatine mulya)
  

Patrap roso

Bebandane manah suci,Kalimasodo jejeke,Siti bantolo lelambara lampah,Awas-Eling kunci Yekti,
Bebandane ati segoro Agung, yo Satrio tomo serat kalam wedha sastro jendro pangruwate roso.

(Berbekal hati suci, berpegang Syahadat, Berpijak dibumi, berjalan awas eling/selalu ingat
  itu pedoman, berbekal hati pasrah seluas samudra,itulah perilaku para ksatria besar)




Pangkur Pitutur

Mingkar mingkur ukara
Akarana Karanan Mardi Siwi
Sinawung Resmining Kidung
Sinubo Sinukarto
Mrih Katarto Pakartine Ngelmu Luhung kang tumrap neng tanah Jawa
Agama Ageming Aji

(Banyak kesimpang siurnya perumpamaan kata yang salah pengertian bisa mengatakan
  sarah,apabila ucapan pituah maupun dawuh dirasa dengan budi,Pepadange urip,-
  dan pemahaman jiwa,pastilah kita dapat mencerna dan menimbang serta memahami-
  wedaran/kiasan/dawuh,
  sikap jujur Tanggap ing Sasmito bijaksana menyikapi  segala kesulitan, itulah -
  contoh orang sakti.
  Keyakinan Jawa,sesuatu hal yang bergejolak didalam diri kita maupun alam,kita serahkan -
  dalam bentuk Heneng-Hening-Awas-Eling)


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar